Nehemya 8:4-10 JAV

4 Imam Ezra tumuli maos perangan-perangan sawatara saka kitab iku ana ing ngareping gapura Banyu, wiwit wayah esuk tumeka wayah tengange, ana ing ngarepe wong lanang lan wadon tuwin kang bisa nampani. Wong kabeh padha nggatekake marang pamacane kitab Toret iku.

5 Imam Ezra, ahli kitab iku, jumeneng ana ing mimbar kayu, kang ginawe pancen kanggo kapreluan iku. Kang ngadeg ana ing sisih tengene: Matica, Sema, Anaya, Uria, Hilkia, lan Maaseya, dene ing sisih kiwane: Pedaya, Misael, Malkia, Hasum, Hasbadana, Zakhariya lan Mesulam.

6 Imam Ezra banjur mbikak kitab mau, kadeleng dening wong saumat kabeh, amarga anggone jumeneng ngungkuli wong kabeh. Bareng karo pembukake kitab mau wong sapasamuwan padha ngadeg kabeh.

7 Imam Ezra tumuli memuji marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kang mahaagung, sarta wong kabeh padha sumaur: “Amin! Amin!” kanthi ngulukake tangan. Banjur padha jengkeng, sujud nyembah marang Sang Yehuwah, raine konjem ing lemah.

8 Uga Yesua, Bani, Serebya, Yamin, Akub, Sabetai, Hodia, Maaseya, Kelita, Azarya, Yozabad, Hanan, Pelaya, para wong Lewi, padha mulangake Toret iku marang wong-wong mau, nalika padha ngadeg ana ing panggonane dhewe-dhewe.

9 Perangan-perangane ing kitab iku, yaiku Torete Gusti Allah, kawacakake kalawan cetha lan diterangake, satemah wong-wong padha ngreti surasane.

10 Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.