1 Ing tanggal patlikur sasi iku uga, wong Israel padha nglumpuk lan puwasa kalawan manganggo sandhangan prihatin sarta sirahe kawur-wuran lemah.
2 Turune wong Israel padha misah saka ing sarupaning wong liya bangsa, tumuli padha ngadeg kambi ngakoni dosane tuwin paneraking para leluhure.
3 Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,
4 Yesua, Bani, Kadmiel, Sebanya, Buni, Serebya, Bani lan Kenani, padha ngadeg ana ing undhak-undhakane wong Lewi, sarta padha sesambat marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kalawan swara sora.