Nehemya 9:28-34 JAV

28 Nanging manawi sampun angsal katentreman, tumunten sami nglampahi piawon malih wonten ing ngarsa Paduka. Lajeng Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsahipun, saha dipun jajah. Bilih sami sesambat malih dhumateng Paduka, Paduka inggih miyarsakaken malih saking langit, sami Paduka entasaken marambah-rambah, margi saking agenging sih-palimirma Paduka.

29 Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.

30 Suprandene Paduka karsa nglajengaken anggen Paduka tumindak sabar ngantos pinten-pinten taun laminipun. Sarana Roh Paduka Paduka ngengetaken, inggih punika lumantar para nabi, nanging sami boten nggatosaken, temah Paduka ulungaken dhateng ing tanganipun bangsa-bangsa ing sakathahing nagari.

31 Ewasamanten awit saking agengipun sih-palimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.

32 Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.

33 Nanging Paduka ingkang leres tumrap sakathahing samukawis ingkang dhumawah ing kawula punika, amargi Paduka tumindak setya, saha kawula ingkang sami nglampahi duraka.

34 Dalasan para ratu kawula, para pangageng kawula sarta para imam kawula, punapa dene para leluhur kawula sami nglirwakaken angger-angger Paduka. Sami boten ngestokaken dhateng dhawuh saha pepenget Paduka ingkang Paduka paringaken.