Nehemya 9:3-9 JAV

3 Nalika padha ngadeg iku, banjur diwacakake perangan-peranganing kitab Torete Sang Yehuwah, Gusti Allahe, saprapat dina suwene, sarta seprapat dina maneh padha ngakoni dosane, lan sumungkem sujud nyembah marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

4 Yesua, Bani, Kadmiel, Sebanya, Buni, Serebya, Bani lan Kenani, padha ngadeg ana ing undhak-undhakane wong Lewi, sarta padha sesambat marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kalawan swara sora.

5 Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, -- iku wong Lewi kabeh -- banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”

6 “Namung Paduka ingkang jumeneng Sang Yehuwah! Paduka ingkang sampun nitahaken langit, malah langiting sadaya langit sabalatantranipun, saha bumi kaliyan sadaya ingkang dumunung ing salumahipun, punapa dene saganten saisen-isenipun sadaya. Punika sadaya Paduka ingkang nggesangi, saha balatantraning langit sami sujud nyembah dhumateng Paduka.

7 Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang sampun milih Rama Abram, Paduka lampahaken saking Ur-Kasdim, saha paduka paringi nama Abraham.

8 Paduka uningani, bilih manahipun setya tuhu wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka damel prasetya kaliyan piyambakipun, bilih badhe Paduka paringi tanahipun tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Amori, tiyang Peris, tiyang Yebus, sarta tiyang Girgasi, kaparingaken dhateng turunipun. Lan Paduka inggih netepi pangandika Paduka, margi Paduka punika asipat leres.

9 Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.