Nehemya 9:7-13 JAV

7 Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ingkang sampun milih Rama Abram, Paduka lampahaken saking Ur-Kasdim, saha paduka paringi nama Abraham.

8 Paduka uningani, bilih manahipun setya tuhu wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka damel prasetya kaliyan piyambakipun, bilih badhe Paduka paringi tanahipun tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Amori, tiyang Peris, tiyang Yebus, sarta tiyang Girgasi, kaparingaken dhateng turunipun. Lan Paduka inggih netepi pangandika Paduka, margi Paduka punika asipat leres.

9 Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.

10 Paduka nindakaken pratandha kaliyan kaelokan wonten ing ngarsanipun Prabu Pringon sapunggawanipun sadaya, tuwin rakyat ing nagarinipun, amargi Paduka mirsa, anggenipun atindak gumunggung wonten ing ngajengipun para leluhur wau. Margi saking punika Paduka ndadosaken misuwuripun asma Paduka; bab punika ugi kacihna ing dinten punika.

11 Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.

12 Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.

13 Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.