2 Ing sawijining dina Sang Prabu Ahazia dhawah saka ing pancak-sujining cendhelane kamar dhuwur ing Samaria, nuli gerah. Tumuli utusan abdi-abdi kalawan dipangandikani mangkene: “Padha sowana ing ngarsane Sang Baal-Zebub, allah ing Ekron, nyuwuna pitedah, apa anggonku gerah iki bakal bisa senggang.”
3 Nanging Sang Malaekate Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Elia, wong ing Tisbe: “Ngadega, mangkata, nemonana para utusane ratu ing Samaria lan kandhaa marang wong mau: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene kowe nganti padha njaluk pituduh marang Baal-Zebub allah ing Ekron?
4 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira bakal ora tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, awit sira mesthi bakal mati.” Nabi Elia nuli tindak.
5 Bareng para utusan mau wus padha bali ana ing ngarsane Sang Prabu, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok padha bali?”
6 Unjuke marang Sang Prabu: “Wonten tiyang ingkang nyegat dhateng kawula, kawula sami dipun cariyosi: Padha balia marang ing ngarsane ratu kang ngutus kowe lan munjuka: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene sira nganti utusan miterang marang Baal-Zebub, allah ing Ekron? Awit saka iku sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”
7 Sang Prabu banjur ndangu: “Kapriye rupane wong kang nemoni kowe lan ngandhakake iku marang kowe kabeh mau?”
8 Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”