1 Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Yoas putrane Sang Prabu Yoahas, ratu ing Israel, Pangeran Amazia, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.
2 Nalika jumeneng ratu iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.
3 Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, mung bae iya ora kaya Sang Prabu Dawud, leluhure. Kang ditindakake trep kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoas, ramane.
4 Sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger mau.
5 Bareng wus kekah anggone ngasta keprabon, para punggawa kang nyedani Sang Prabu, ramane, enggal padha dipateni.
6 Nanging anak-anake para kang mateni mau ora diukum pati, iku ngetrepi kang katulis ing kitab Torete Nabi Musa, kang mratelakake dhawuhe Pangeran Yehuwah mangkene: “Aja ana bapa kang diukum pati marga saka anake, lan iya aja ana anak kang diukum pati marga saka bapakne, nanging saben wong anggone diukum pati iku marga saka dosane dhewe.”
7 Sang Prabu Amazia ngawonake Edom ana ing Lembah Asin, wong sepuluh ewu, lan ing sajrone perang iku ngalahake kutha Sela, kang banjur dijenengake Yokteel, mangkono nganti tumeka ing dina iki.
8 Nalika samana Sang Prabu Amazia banjur utusan marang Sang Prabu Yoas putrane Sang Prabu Yoahas, wayahe Sang Prabu Yehu, ratu ing Israel kadhawuhan ngaturake pangandikane mangkene: “Sumangga sami ngaben kekiyatan!”
9 Nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, nuli utusan wong marang Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, kadhawuhan ngaturake paring wangsulane, mangkene: “Rumput eri ing redi Libanon kengkenan manggihi wit eres ing redi Libanon kaliyan aturipun: Putra panjenengan estri kaparingna dhateng anak kula jaler dadosa semahipun. Nanging kewan-kewan wana ing pareden Libanon sami langkung ngriku, lajeng sami ngidak-idak rumput eri punika.
10 Pancen panjenengan sampun ngawonaken Edom, mila lajeng gumunggung. Bok inggih sampun cekap kagem panjenengan, angsal kaluhuran samanten punika, sarta kula aturi wonten ing dalem kemawon. Punapa ta prelunipun panjenengan kok nantang dhateng bilai, satemah panjenengan lajeng dhawah dalah Yehuda pisan sareng kaliyan panjenengan?”
11 Nanging Sang Prabu Amazia ora karsa ndhahar pangandika iku, mulane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel banjur majeng perang ngaben kekiyatan, panjenengane lan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda ana ing Bet-Semes, ing wewengkone Yehuda.
12 Yehuda kagepuk dening Israel, banjur kalah, temah padha lumayu menyang ing tarube dhewe-dhewe.
13 Sang Prabu Amazia ratu ing Yehuda, putrane Sang Prabu Yoas, wayahe Sang Prabu Ahazia, kecepeng dening Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel ana ing Bet-Semes. Sang Prabu Yoas nuli lumebet ing kutha Yerusalem, balowartine Yerusalem kagempur wiwit ing Gapura Efraim nganti tekan ing Gapura Pojok, dawane patang atus asta.
14 Sawuse mangkono Sang Prabu nuli mundhuti emas lan selaka lan sakehe prabot kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton, mangkono uga wong-wong kang kanggo cekelan, tumuli kondur menyang Samaria.
15 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas, apa kang katindakake lan kaprawirane lan anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
16 Sang Prabu Yoas banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake ana ing Samaria, nunggil karo para ratu ing Israel, dene Pangeran Yerobeam, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
17 Sang Prabu Amazia, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, isih sugeng limalas taun sawuse Sang Prabu Yoas putrane Sang Prabu Yoahas, ratu ing Israel, seda.
18 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Amazia, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
19 Ing Yerusalem ana wong kang padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, mulane Sang Prabu lolos menyang ing Lakhis, nanging wong-wong mau iya banjur kongkonan ngoyak menyang ing Lakhis. Sang Prabu nuli disedani ana ing kono,
20 banjur katitihake ing jaran lan kasarekake ana ing Yerusalem nunggil karo para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.
21 Rakyat ing Yehuda kabeh tumuli padha ngaturi rawuh Pangeran Azarya, kang lagi yuswa nembelas taun, kajumenengake ratu, nggentosi kang rama, Sang Prabu Amazia.
22 Sang Prabu banjur nyantosani kutha Elat lan dibalekake marang ing wewengkone Yehuda, yaiku sawuse Sang Prabu kepareng ngaso nunggil karo para leluhure.
23 Ing taun kang kaping limalase jamane Sang Prabu Amazia putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, jumeneng ratu ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase patang puluh siji taun.
24 Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur nglakoni dosa.
25 Panjenengane mangsulake wilayah Israel, wiwit dalan kang lumebu menyang Hamat, nganti tekan ing sagara Araba, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaparingake lumantar Nabi Yunus bin Amitai saka ing Gat-Hefer.
26 Sabab Sang Yehuwah wus nguningani bangeting sangsarane wong Israel iku: wong kang dhuwur lan kang asor kalungguhane wus padha sirna, lan ora ana kang mitulungi Israel.
27 Nanging Pangeran Yehuwah ora ngandika manawa bakal ngilangi jeneng Israel saka ing sangisoring langit, mulane banjur paring pitulungan lan lumantar Sang Prabu Yerobeam, putrane Sang Prabu Yoas.
28 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam lan sakehe pandamele sarta kaprawirane, anggone andhon perang, apadene anggone mangsulake Damsyik lan Hamat-Yehuda marang ing wewengkon Israel, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
29 Sang Prabu Yerobeam tumuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, para ratu ing Israel. Pangeran Zakharia, kang putra, banjur jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.