1 Pangeran Yosia nalika jumeneng ratu iku yuswane wolung taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh siji taun. Kang ibu asma Yedida, putri putrane Sang Adaya, saka ing Bozkat.
2 Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang menengen utawa mangiwa.
3 Ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosia, Sang Prabu utusan Sang Safan bin Azalya, bin Mesulam, sekretarise, menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, pangandikane:
4 “Sira sowana ing ngarsane Imam Agung Hilkia, aturana masrahake kabeh dhuwit kang wus kagawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, kang wus kaklempakake saka rakyat dening para kang jaga lawang;
5 iku kareben diwenehake marang ing tangane para kang kapasrahan rumeksa padalemaning Sang Yehuwah, iku banjur padha ngedumna dhuwit mau marang para tukang kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah, supaya dianggoa ndandani karusakaning padaleman iku,
6 yaiku marang para tukang kayu, para tukang bangunan, lan marang para tukang batu, uga kanggo tuku kayu lan watu tatahan, kanggo ndandani padaleman mau.
7 Nanging ora usah nganakake etung-etungan karo wong-wong mau tumrap dhuwit kang wus ditampakake marang ing tangane wong-wong iku, amarga iku padha nyambut gawe kalawan temen.”
8 Imam Agung Hilkia nuli ngandika marang Sang Safan, sekretarise mau: “Kula manggih Kitab Toret punika wonten ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Imam Agung Hilkia nuli maringake kitab iku marang Sang Safan, banjur diwaos.
9 Sawuse iku Sang Safan, sekretaris mau, tumuli lumebet sowan ing ngarsane Sang Nata, ngaturake pawarta bab iku, unjuke: “Para abdi dalem punika sampun sami nampeni sadaya arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah, ingkang lajeng sampun kapasrahaken dhateng ing tanganipun para ingkang kawajiban rumeksa padaleman punika.” Sang Safan, sekretaris iku,
10 uga munjuk marang Sang Nata: “Imam Hilkia maringi kitab punika dhumateng kawula.” Sang Safan nuli maos kitab iku ana ing ngarsane Sang Prabu.
11 Bareng Sang Nata wus midhangetake pangandika ing Kitab Toret iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.
12 Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang Imam Agung Hilkia, marang Ahikam bin Safan, marang Akhbor bin Mikha, marang Sang Safan, sekretaris mau, lan marang Asaya, abdining Sang Nata, pangandikane:
13 “Sira padha mangkata, ingsun, rakyat lan wong ing Yehuda kabeh padha suwunna pitedahing Sang Yehuwah bab pangandika ing kitab kang ketemu iki, amarga bebenduning Sang Yehuwah marang kita benter mulad-mulad nggegirisi, awit para leluhur kita padha ora ngrungokake marang pangandika ing kitab iki, ora padha tumindak ngepleki apa kang katulis ing kitab iki.”
14 Imam Agung Hilkia, Ahikam, Akhbor, Sang Safan lan Asaya banjur padha tindak manggihi nabi-wanita, yaiku nabi Hulda, garwane Sang Salum bin Tikwa bin Harhas, abdi-dalem reksa-busana. Nabi iku dedalem ana ing Yerusalem, ing pekampungan anyar. Para utusan padha mratelakake preluning kautus.
15 Nabi Hulda mangsuli: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Matura marang kang ngutus sira kabeh sowan ing ngarsaningSun! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:
16 Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai marang panggonan iki lan marang wong kang padha manggon ing kene, yaiku sakehing pangandika ing kitab kang wus kawaos dening ratuning Yehuda,
17 amarga padha ninggal Ingsun, lan padha nyaosake kurban kang kaobong marang allah liyane, kang sedyane gawe gerahing panggalihingSun, sarana sakehing gegaweaning tangane. Awit saka iku bebenduningSun benter mangalad-alad marang panggonan iki lan ora bakal sirep-sirep.
18 Nanging marang ratu ing Yehuda kang ngutus marang sira kabeh supaya nyuwun pitedahe Pangeran Yehuwah iku, sira matura mangkene: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Tumrap pangandika kang wus sira rungu iku,
19 sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah, --
20 mulane lah sira bakal Suntunggilake kalawan para leluhurira lan sira bakal kapetak ing pakuburanira kalawan tentrem, apadene mripatira ora bakal nyumurupi sakehing kasangsaran kang bakal Sundhatengake ana ing panggonan iki.” Para utusan mau iya banjur padha ngaturake wangsulan iku marang Sang Nata.