1 Anggone jumeneng ratu ing taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Yehu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase patang puluh taun. Kang ibu asmane Zibya, saka ing Bersyeba.
2 Sang Prabu Yoas iku nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, ing salawase sugenge, sajrone kawulang dening Imam Yoyadha.
3 Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pepundhen padha ora disingkirake. Rakyat isih saos kurban lan kekutug ing tengger-tengger kono.
4 Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,
5 iku kareben ditampani dening para imam dhewe, siji-sijine saka ing pitepungane, lan iku dianggoa ndandani apa kang rusak ing padaleman kono, ing ngendi bae tinemu ana kang rusak.”
6 Nanging ing taun kang kaping telulikur ing jamane Sang Prabu Yoas, para imam meksa durung ndandani karusakaning padaleman.
7 Mulane Sang Prabu Yoas banjur nimbali Imam Yoyadha lan para imam liyane, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok ora padha ndandani karusakaning padaleman? Mulane saiki sira ora padha sunparengake nampani dhuwit saka para pitepunganira maneh, nanging iku sira pasrahna kanggo ndandani karusakaning padaleman.”
8 Para imam banjur padha nyandikani ora bakal nampani dhuwit saka rakyat, nanging iya ora usah ndandani karusakaning padaleman.
9 Imam Yoyadha nuli mundhut pethi, tutupe kaparingan bolongan, banjur kadekek ing sandhinging misbyah, ing sisih tengene wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah. Para imam kang jaga lawang saben nampani dhuwit saka wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, tumuli kalebokake ing pethi mau.
10 Manawa pethi iku wus katon isi akeh, panitrane Sang Prabu rawuh bareng karo imam agung, kabeh dhuwit kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah kabuntelan lan kaetung.
11 Dhuwit kang kehe wus ditemtokake kapasrahake marang para tukang kang kapatah rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah lan kang banjur mbage-mbage dhuwit mau marang para tukang kayu, marang tukang-tukang bangunan kang nggarap padalemaning Sang Yehuwah,
12 marang para tukang batu lan para tukang natah watu. Dhuwit mau uga kanggo tuku kayu lan watu kang bakal ditatahi kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sabanjure dhuwit iku kawetokake kanggo sakehing kapreluan gegayutan karo anggone ndandani padaleman.
13 Nanging dhuwit kang kaladekake marang padalemaning Sang Yehuwah iku ora kanggo gawe bokor selaka, lading, bokor panyiraman, kalasangka, utawa sadhengaha piranti emas lan selaka kang kanggo padalemaning Sang Yehuwah,
14 nanging iku dipasrahake marang para tukang kanggo ndandani padalemaning Sang Yehuwah.
15 Sawuse mangkono wong kang padha dipasrahi dhuwit supaya diwenehake marang tukang-tukang iku, ora dipundhuti petungan, amarga kabeh iku padha nyambut gawe kalawan temen.
16 Nanging dhuwit kurban dhendha lan dhuwit kurban pangruwating dosa iku ora kaladekake marang ing padalemaning Sang Yehuwah, kabeh iku dadi pandumaning para imam.
17 Nalika samana Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram nglurug perang menyang ing Gat, kang banjur kena karebat. Sang Prabu Hazael tumuli kagungan karsa arep nempuh Yerusalem,
18 nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, nuli mundhut sakehe pisungsung suci kang wus kasucekake dening para leluhure, yaiku Sang Prabu Yosafat, Sang Prabu Yoram lan Sang Prabu Ahazia, para ratu ing Yehuda, lan pisungsung-pisungsunge piyambak kang suci, uga emas kang ana ing gedhong pasimpenan ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing kraton, iku kabeh dikintunake marang Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, temah Sang Prabu Hazael ora sida nglurug menyang ing Yerusalem.
19 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan kabeh kang katindakake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
20 Para punggawane padha nganakake sekuthon banjur nyedani Sang Prabu Yoas ana ing dalem ing Milo, ing dalan kang mudhun anjog ing Sila.
21 Yozakar, anake Simeat, lan Yozabad anake Somer, iku para punggawane kang nyedani panjenengane. Sang Prabu banjur kasarekake ana ing sandhinge para leluhure ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Amazia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.