1 Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.
2 Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan para tetuwaning imam uga tumuli kautus sowan ing ngarsaning Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor,
3 sarta ature: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha dintening kawirangan; awit sampun dumugi ing leking jabang-bayi, nanging boten wonten kekiyatan kangge nglairaken.
4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”
5 Bareng para punggawane Sang Prabu Hizkia wus ana ing ngarsane Nabi Yesaya,
6 padha dipangandikani mangkene: “Sampeyan sami matur dhateng gusti sampeyan: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapake dening para abdine ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.
7 Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”
8 Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.
9 Nalika iku Sang Prabu mireng pawarta bab Sang Prabu Tirhaka, ratu ing Etiopia, mangkene: “Lah panjenenganipun sampun miyosi perang nglawan panjenengan dalem,” mulane banjur ngintunake utusan maneh kang padha didhawuhi ngaturake pangandikane marang Sang Prabu Hizkia:
10 “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda: sira aja nganti kena diapusi dening Allahira, kang janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.
11 Lah sira wus krungu bab kang katandukake dening para ratu ing Asyur marang sakehe nagara, yaiku manawa iku padha katumpes. Apa iya sira bakal diuculake?
12 Apa para allahe bangsa-bangsa, kang wus padha disirnakake dening para leluhuringsun bisa ngluwari bangsa-bangsa mau, yaiku Gozan, Haran, Rezef lan bani Eden kang ana ing Telasar?
13 Ana ing ngendi ta ratuning nagara Hamat lan Arpad, ratuning kutha Sefarwaim, ratuning nagara Hena lan Iwa?”
14 Sang Prabu Hizkia nampeni layang iku saka ing tangane para utusan, layang nuli kawaos. Sang Prabu banjur tindak lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
15 Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.
16 Paduka mugi karsaa nenglengaken talingan Paduka, dhuh Yehuwah, saha mugi karsaa midhangetaken; Paduka mugi karsaa ngagem paningal Paduka, dhuh Yehuwah saha mugi karsaa mirsani. Paduka mugi karsaa midhangetaken tembung-tembungipun Sanherib ingkang sampun dipun kintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.
17 Dhuh Yehuwah, para ratu ing Asyur pancen sampun nyirnakaken bangsa-bangsa dalah nagari-nagarinipun
18 saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.
19 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”
20 Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.
21 Punika pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah tumrap piyambakipun:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira,wus moyoki sira;lan putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.
22 Sapa ta kang sira wewadalan sira ala-ala iku?Tumuju marang sapa ta sira ngumbar swaranirakang sora iku,sarta mentheleng kalawan gumunggung iku?Tumuju marang Kang Mahakuwasa Gusti Allahe Israel!
23 Lumantar para utusanira sira wus memada Pangeran Yehuwahlan sira wus ngucap: Kalawan kretaku kang akeh cacaheaku munggah ing panggonan-panggonan kang dhuwur ing pagunungan,menyang panggonan kang adoh dhewe ing gunung Libanon;aku wus negori wite eres kang dhuwur-dhuwur tur gedhe-gedhe,wite beros kang pilihan-pilihan;aku wus lumebu ing papan panginepan kang poncot dhewe,menyang ing alase kang wit-witane ketel.
24 Ingsun iku wus ndhudhuk banyulan wus ngunjuk banyu duweking liyan,sarta Ingsun wus ngasatake kalawan tlapakaning sampeyaningSunsakehing kali ing tanah Mesir.
25 Sira apa ora wus krungu,manawa Ingsun wus nemtokake dina saka ing kadohanlan wus ngrancang bab iku nalika ing jaman kuna-makuna?Saiki iku Sunwujudake,yaiku manawa sira gawe sepi mamringekutha-kutha betengsira dadekake tumpukan watu.
26 Wong kang padha manggon ing kono kang tanpa dayadadi kaget lan wirang;padha dadi kaya thethukulan ing ara-aralan kaya suket kang ijo,kaya suket ing sadhuwuring payonutawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa.
27 Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguhmanawa sira metu utawa lumebu,utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun.
28 Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun,lan tembung-tembungira kang kumlungkungwus ngenani talinganingSun,mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ana ing irungiralan kendhaliningSun ana ing lambenira,sarta Ingsun bakal ngulihake sira metu ing dalan, pinangkanira.
29 Lan iki kang bakal dadi tandha tumrap sira, he Hizkia: Ing taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, dene ing taun kang kapindho pametune tanduran kang kawitan, nanging ing taun kang katelune sira bakal nyebar, ngeneni, gawe kebon anggur lan mangan wohe,
30 sarta para wong kang oncat ing antarane turune Yehuda, yaiku para wong kang isih ana, iku bakal metu oyode maneh mangisor lan metokake woh mandhuwur.
31 Sabab saka ing Yerusalem bakal metune para wong kang isih ana sarta saka ing gunung Sion wong-wong kang oncat. Bentering penggalihe Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang bakal nindakake bab iki.
32 Milanipun mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Dheweke ora bakal lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panah mrene; uga ora bakal nekani kalawan nggawa tameng tuwin ora bakal gawe tanggul pangepungan.
33 Bakal mulih metu ing dalan pinangkane, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --
34 Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”
35 Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!
36 Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur banjur kondur lan kendel ana ing Ninewe.
37 Ing sawijining dina nalika Sang Prabu lagi sujud nyembah ana ing omah pepundhene Nisrokh, allahe, banjur disedani dening Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sarezer, para putrane, sarta sekarone tumuli padha lolos menyang ing tanah Ararat, dene Pangeran Esarhadon, uga putrane, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.