2 Para Raja 1:3-9 JAV

3 Nanging Sang Malaekate Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Elia, wong ing Tisbe: “Ngadega, mangkata, nemonana para utusane ratu ing Samaria lan kandhaa marang wong mau: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene kowe nganti padha njaluk pituduh marang Baal-Zebub allah ing Ekron?

4 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira bakal ora tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, awit sira mesthi bakal mati.” Nabi Elia nuli tindak.

5 Bareng para utusan mau wus padha bali ana ing ngarsane Sang Prabu, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok padha bali?”

6 Unjuke marang Sang Prabu: “Wonten tiyang ingkang nyegat dhateng kawula, kawula sami dipun cariyosi: Padha balia marang ing ngarsane ratu kang ngutus kowe lan munjuka: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene sira nganti utusan miterang marang Baal-Zebub, allah ing Ekron? Awit saka iku sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”

7 Sang Prabu banjur ndangu: “Kapriye rupane wong kang nemoni kowe lan ngandhakake iku marang kowe kabeh mau?”

8 Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”

9 Sawuse mangkono Sang Prabu banjur utusan sawijining opsir kalawan reh-rehane wong seket kadhawuhan nemoni Nabi Elia. Opsir mau nuli munggah sowan ing ngarsane Nabi Elia, kang lagi lenggah ana ing pucaking gunung, sarta banjur matur marang panjenengane: “He abdining Allah, Sang Prabu dhawuh: Mudhuna!”