2 Para Raja 1:8-14 JAV

8 Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”

9 Sawuse mangkono Sang Prabu banjur utusan sawijining opsir kalawan reh-rehane wong seket kadhawuhan nemoni Nabi Elia. Opsir mau nuli munggah sowan ing ngarsane Nabi Elia, kang lagi lenggah ana ing pucaking gunung, sarta banjur matur marang panjenengane: “He abdining Allah, Sang Prabu dhawuh: Mudhuna!”

10 Nanging Nabi Elia mangsuli, pangandikane marang opsir mau: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe dalah kalerehanmu seket kabeh iku nganti entek.” Banjur ana geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau dalasan wonge seket nganti entek.

11 Sang Prabu nuli utusan maneh sawijining opsir liyane sabawahane wong seket. Opsir iku matur marang Nabi Elia: “He abdining Allah, mangkene dhawuhe Sang Prabu: Mudhuna dienggal!”

12 Nanging Nabi Elia paring wangsulan marang wong-wong mau mangkene: “Manawa aku pancen abdining Allah, muga anaa geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kowe saandhahanmu wong seket kabeh nganti entek!” Banjur ana genine Pangeran Yehuwah kang tumurun saka ing langit kang mangsa opsir mau saandhahane wong seket kabeh nganti entek.

13 Sang Prabu tumuli utusan maneh sawijining opsir kang katelu sapanekare wong seket. Opsir kang katelu iku banjur munggah lan bareng wis tekan nuli jengkeng ana ing ngarsane Nabi Elia tuwin nyuwun sih-piwelas marang panjenengane, ature: “Dhuh abdining Allah, nyawa kula tuwin nyawanipun ingkang abdi tiyang seket punika mugi manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.

14 Rak sampun wonten latu ingkang tumurun saking langit ingkang mangsa opsir kalih-kalihipun ingkang rumiyin saha para kalerehanipun tiyang seket. Nanging sapunika mugi nyawa kula manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.”