2 Para Raja 10:10-16 JAV

10 Sira kabeh padha sumurup, manawa pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kawiyos tumrap kulawargane Sang Prabu Akhab, ora ana kang ora kelakon. Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang kapangandikakake lumantar Nabi Elia, abdine.”

11 Sang Prabu Yehu banjur mejahi sakehe kekarene brayate Sang Prabu Akhab kang ana ing Yizreel, uga sakehe panggedhene, para abdine kang dipitados lan para imame; ora ana siji bae kang dilestarekake urip dening Sang Prabu Yehu.

12 Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur jumeneng lan tindak menyang ing Samaria. Ana ing sacedhake Bet-Eked, papan panggonane para pangon,

13 kepanggih karo sanak sadhereke Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, nuli ndangu: “Kowe iku sapa?” Atur wangsulane: “Adalem punika sami sanak sadherekipun Sang Prabu Ahazia lan anggenipun adalem sami mriki punika badhe ngaturi sugeng dhumateng para putra-putranipun Sang Prabu saha para putranipun Sang Prameswari.”

14 Sang Prabu Yehu banjur dhawuh: “Cekelen wong-wong iku urip-uripan!” Nuli padha dicekel urip-uripan lan padha disembelehi ana ing sacedhake sumur Bet-Eked, cacahe patang puluh loro, ora ana siji-sijia kang diuripi.

15 Bareng wus tindak saka ing kono, tumuli kepanggih karo Yonadab bin Rekhab kang methuk panjenengane. Sang Prabu uluk salam marang dheweke kalawan ngandika: “Atimu apa temen kayadene katemenaning atiku marang kowe?” Unjuke Yonadab: “Inggih temen.” “Manawa mangkono, ayo salaman!” Yonadab nuli ngathungake tangane, banjur kadhawuhan munggah ing keta dening Sang Prabu Yehu.

16 Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.