2 Para Raja 10:16-22 JAV

16 Pangandikane Sang Prabu Yehu: “Ayo aku dherekna, supaya kowe nyumurupi anggonku kalawan mempeng tumindak kagem Sang Yehuwah.” Dadine Sang Prabu Yehu kadherekake Yonadab ana ing titihane kreta.

17 Sarawuhe ing Samaria, Sang Prabu Yehu banjur dhawuh mateni sakehe wong kang kagolong kulawargane Sang Prabu Akhab kang isih kari ana ing Samaria, padha disirnakake, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia.

18 Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu banjur nglempakake rakyat kabeh padha dipangandikani mangkene: “Akhab iku anggone ngibadah marang Baal isih kurang, nanging Yehu bakal ngibadah marang iku ngluwihi dheweke banget.

19 Mulane sakehe nabine Baal padha timbalana supaya padha ngadhep marang ing ngarsaku, kabeh wong kang padha ngibadah marang iku lan sakehe imame, siji bae aja nganti ana kang kari, awit aku arep nyaosake kurban kang gedhe marang Baal. Saben wong kang ora teka, bakal ora lestari urip.” Nanging iki mung akale Sang Prabu Yehu anggone bakal nyirnakake wong-wong kang padha nyembah marang Baal.

20 Sabanjure Sang Prabu Yehu ngandika: “Padha nemtokna dina gedhe kanggo nganakake pakumpulan suci tumrap Baal!”

21 Iku nuli diundhangake. Sang Prabu Yehu utusan wong menyang ing wewengkone Israel kabeh, para wong kang padha nyembah marang Baal padha teka kabeh lan padha lumebu ing kabuyutane Baal, siji bae ora ana kang kari, temah omah mau kebak nganti padha suksukan saka ing pojok tekan ing pojok.

22 Sang Prabu Yehu tumuli ngandika marang wong kang manggedheni gedhong sandhangan: “Sandhangan kanggo saben wong kang nyembah marang Baal wetokna!” Sandhangan kanggo wong-wong mau banjur diwetokake.