2 Para Raja 10:21-27 JAV

21 Iku nuli diundhangake. Sang Prabu Yehu utusan wong menyang ing wewengkone Israel kabeh, para wong kang padha nyembah marang Baal padha teka kabeh lan padha lumebu ing kabuyutane Baal, siji bae ora ana kang kari, temah omah mau kebak nganti padha suksukan saka ing pojok tekan ing pojok.

22 Sang Prabu Yehu tumuli ngandika marang wong kang manggedheni gedhong sandhangan: “Sandhangan kanggo saben wong kang nyembah marang Baal wetokna!” Sandhangan kanggo wong-wong mau banjur diwetokake.

23 Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli lumebet ing omah kabuyutane Baal mau kadherekake Yonadab bin Rekhab sarta nuli ngandika marang para wong kang padha nyembah marang Baal: “Titipriksanen lan delengen, aja nganti ana wong siji bae ing satengahmu ing kene kang dadi abdining Pangeran Yehuwah, kejaba mung wong kang padha nyembah marang Baal.”

24 Wong-wong nuli padha lumebu arep sesaji kurban sembelehan lan kurban obaran. Anadene Sang Prabu Yehu wus mapanake wong wolung puluh ana ing jaba kang wus padha dipangandikani: “Sing sapa ngetogake bae manawa ana wong panunggalane para wong kang wus dakpasrahake ing tanganmu, kang bisa oncat, nyawane dadi gegentine wong iku.”

25 Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.

26 Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.

27 Tugu brahalane Baal dirubuhake, samono uga omahe Baal, nuli didadekake kakus, nganti tumeka ing dina iki.