24 Wong-wong nuli padha lumebu arep sesaji kurban sembelehan lan kurban obaran. Anadene Sang Prabu Yehu wus mapanake wong wolung puluh ana ing jaba kang wus padha dipangandikani: “Sing sapa ngetogake bae manawa ana wong panunggalane para wong kang wus dakpasrahake ing tanganmu, kang bisa oncat, nyawane dadi gegentine wong iku.”
25 Sawuse sesaji kurban obaran, Sang Prabu Yehu dhawuh marang para prajurit lan marang para opsir: “Padha lumebua, wong iku padha patenana, aja nganti ana siji bae kang bisa oncat!” Wong mau tumuli padha dipateni kalawan landheping pedhang, jisime kabuwang; para prajurit lan para opsir banjur lumebu ing gedhong kabuyutane Baal.
26 Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.
27 Tugu brahalane Baal dirubuhake, samono uga omahe Baal, nuli didadekake kakus, nganti tumeka ing dina iki.
28 Kaya mangkono anggone Sang Prabu Yehu nyirnakake Baal saka ing Israel.
29 Mung bae Sang Prabu Yehu ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur padha nglakoni dosa, yaiku dosa ndedewa pedhet emas kang ana ing Betel lan ing Dhan.
30 Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Sang Prabu Yehu: “Ing sarehne sira wus nglakoni panggawe becik, yaiku nindakake apa kang bener ana ing ngarsaning paningalingSun, lan wus nandukake marang kulawargane Akhab trep karo kang kakarsakake ing panggalihingSun, mulane anak-anakira bakal nglungguhi dhamparing Israel nganti patang turunan.”