13 Bareng Sang Putri Atalya mireng swaraning para prajurit panjaga lan rakyat, banjur tindak menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, murugi rakyat mau.
14 Sang Putri nuli mirsa Sang Prabu jumeneng ing sacedhake saka kaya adate kang wus kelakon, kaayap ing para panggedhe lan para kang padha nggawa kalasangka. Rakyat ing nagara padha abungah-bungah kabeh kambi ngunekake kalasangka. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan nguwuh: “Kiyanat, kiyanat!”
15 Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para opsir penatus, yaiku kang padha manggedheni wadya-bala, pangandikane: “Putri iku gawanen metu saka ing pabarisan! Sing sapa mbelani iku, patenana kalawan pedhang!” Sabab sadurunge Sang Imam wus ngandika: “Aja disedani ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah!”
16 Sang Putri banjur dicepeng. Nalika lumebet ing kedhaton, bareng tekan ing dalan kang kanggo liwat jaran, Sang Putri disedani ana ing kono.
17 Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.
18 Sawuse mangkono rakyat ing nagara padha lumebu menyang ing omah kabuyutane Baal kabeh, kang banjur dibubrah. Misbyah-misbyah lan reca-reca padha diremuki; Matan, imame Baal dipateni ana ing ngarepe misbyah-misbyah mau. Imam Yoyadha nuli ngangkat wong kang padha rumeksa marang padalemaning Sang Yehuwah.
19 Sawuse mangkono panjenengane banjur ngajak para opsir penatus, para wong Kari lan wadya-bala panjaga sarta rakyat ing nagara kabeh, kaajak ndherekake miyose Sang Prabu saka ing Padalemaning Sang Yehuwah, tumuli padha lumebu ing kedhaton ngliwati gapura kang kanggo para prajurit. Sang Prabu nuli lenggah ing dhamparing karajan.