5 Sawuse mangkono Sang Yoyadha dhawuh marang para prajurit mau: “Iki kang kudu koktindakake: panunggalanmu kang wus rampung anggone nglakoni kuwajibane ing dina Sabat ana ing kene, iku sapratelon padha jagaa ana ing kraton,
6 sapratelon maneh anaa ing gapura Sur, lan sapratelon anaa ing gapura ing saburine wadya-bala panjaga. Kang jaga ana ing kraton, kudu tetep ana ing kono.
7 Dene panunggalanmu kang rong golongan, yaiku sakehe wong kang kawajibane ana ing kene ing dina Sabat lan jaga ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah,
8 iku kawajiban njaga Sang Prabu ana ing saubenge nganti temu gelang, kalawan nyekel gegaman, lan sapa kang nyedhaki barisan, kudu dipateni. Sabanjure manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet kudu didherekake.”
9 Para opsir penatus iku padha tumindak ngetrepi dhawuhe Imam Yoyadha. Siji-sijine padha nggawa wonge, kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat, bebarengan karo wong kang padha lumebu ing dina iku, banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Yoyadha.
10 Sang Imam tumuli maringi marang para opsir penatus mau tumbak lan tameng kagungane Sang Prabu Dawud kang kasimpen ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah.
11 Para prajurit mau banjur padha mapan ana ing sakiwa tengene padaleman kalawan sikep gegaman, lan ing saubenge misbyah sarta padaleman, padha rumeksa marang Sang Prabu.