2 Para Raja 11:8-14 JAV

8 iku kawajiban njaga Sang Prabu ana ing saubenge nganti temu gelang, kalawan nyekel gegaman, lan sapa kang nyedhaki barisan, kudu dipateni. Sabanjure manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet kudu didherekake.”

9 Para opsir penatus iku padha tumindak ngetrepi dhawuhe Imam Yoyadha. Siji-sijine padha nggawa wonge, kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat, bebarengan karo wong kang padha lumebu ing dina iku, banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Yoyadha.

10 Sang Imam tumuli maringi marang para opsir penatus mau tumbak lan tameng kagungane Sang Prabu Dawud kang kasimpen ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

11 Para prajurit mau banjur padha mapan ana ing sakiwa tengene padaleman kalawan sikep gegaman, lan ing saubenge misbyah sarta padaleman, padha rumeksa marang Sang Prabu.

12 Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”

13 Bareng Sang Putri Atalya mireng swaraning para prajurit panjaga lan rakyat, banjur tindak menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, murugi rakyat mau.

14 Sang Putri nuli mirsa Sang Prabu jumeneng ing sacedhake saka kaya adate kang wus kelakon, kaayap ing para panggedhe lan para kang padha nggawa kalasangka. Rakyat ing nagara padha abungah-bungah kabeh kambi ngunekake kalasangka. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan nguwuh: “Kiyanat, kiyanat!”