15 Nabi Elisa matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem karsaa mundhut gandhewa tuwin jemparing.” Iya banjur kacaosan gandhewa lan jemparing.
16 Ature marang ratu ing Israel: “Kawula aturi menthang gendhewa dalem!” Sang Prabu banjur menthang gendhewane, nanging Nabi Elisa numpangake astane ing astane Sang Prabu kambi matur:
17 “Cendhela ing sisih wetan punika kawengakna!” Lan nalika kawengakake, Nabi Elisa matur: “Kawula aturi njemparing!” Banjur dijemparing. Nabi Elisa matur: “Punika jemparinging kaunggulan paringipun Pangeran Yehuwah, jemparinging kaunggulan nglawan Aram. Panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram wonten ing Afek, ngantos tumpes tapis.”
18 Sawuse mangkono tumuli matur: “Kawula aturi mundhut jemparing punika!” Iya banjur dipundhut. Bareng wus dipundhut, Nabi Elisa matur marang ratu ing Israel: “Sumangga kagebagna ing siti!” Nuli kagebagake ing lemah kaping telu, banjur kendel.
19 Abdining Allah duka marang Sang Prabu, ature: “Kedahipun panjenengan dalem nggebag kaping gangsal utawi kaping enem. Menawi mekaten panjenengan dalem badhe nggecak Aram ngantos tumpes tapis. Nanging sapunika, namung kaping tiga anggen panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram.”
20 Sawuse mangkono Nabi Elisa nuli seda, lan banjur kasarekake. Anadene ing saben pletheking taun kerep ana grombolan wong Moab kang lumebu ing nagara.
21 Nalika ing sawijining dina wong lagi padha ngubur layon, ana grombolan teka; bareng wong-wong weruh grombolan iku, layone nuli kauncalake menyang ing pasareane Nabi Elisa, banjur padha lunga. Kocapa, bareng layon mau nggepok balung-balunge Nabi Elisa, banjur urip maneh lan ngadeg.