2 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah lan sugenge manut ing dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel uga banjur nindakake dosa, sarta ora nyimpang saka iku.
3 Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, tumuli padha kaulungake marang ing astane Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram, lan marang ing astane Sang Prabu Benhadad, putrane Sang Prabu Hazael, ing salawase jaman iku.
4 Nanging Sang Prabu Yoahas nuli nyuwun sih-piwelase Pangeran Yehuwah lan Sang Yehuwah iya banjur karsa nyembadani, amarga wus nguningani bangeting panindhese ratu ing Aram marang wong Israel.--
5 Pangeran Yehuwah maringi juru pangluwaran marang wong Israel, satemah padha bisa uwal saka ing tanganing Aram lan bisa manggon ing tarube maneh kaya kang uwis-uwis.
6 Mung bae ora padha ngedohi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga, nanging terus bae anggone urip sajroning dosa kang mangkono iku. Reca Asyera uga isih tetep ana ing Samaria. --
7 Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.
8 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.