4 Nanging Sang Prabu Yoahas nuli nyuwun sih-piwelase Pangeran Yehuwah lan Sang Yehuwah iya banjur karsa nyembadani, amarga wus nguningani bangeting panindhese ratu ing Aram marang wong Israel.--
5 Pangeran Yehuwah maringi juru pangluwaran marang wong Israel, satemah padha bisa uwal saka ing tanganing Aram lan bisa manggon ing tarube maneh kaya kang uwis-uwis.
6 Mung bae ora padha ngedohi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga, nanging terus bae anggone urip sajroning dosa kang mangkono iku. Reca Asyera uga isih tetep ana ing Samaria. --
7 Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.
8 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
9 Sang Prabu Yoahas nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing Samaria. Pangeran Yoas, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
10 Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.