7 Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.
8 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
9 Sang Prabu Yoahas nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing Samaria. Pangeran Yoas, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
10 Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.
11 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosa kang katindakake wong Israel marga saka dhawuhe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, nanging terus bae anggone nglakoni dosa kang mangkono iku.
12 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
13 Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.