1 Ing taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Yerobeam, ratu ing Israel, Pangeran Azarya, putrane Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.
2 Nalika jumeneng ratu iku yuswane nembelas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket loro taun. Asmane kang ibu Yekholya saka ing Yerusalem.
3 Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, ngetrepi apa kang katindakake dening Sang Prabu Amazia, kang rama.
4 Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger kono.