18 Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah. Ing sajege sugenge ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nglakoni dosa uga.
19 Sang Prabu Pul, ratu ing Asyur, rawuh lan nempuh nagara kono; Sang Prabu Menahem nuli nyaosi selaka sewu talenta marang Sang Prabu Pul, supaya karsaa mbiyantu nyantosakake karajane ana ing astane.
20 Sang Prabu anggone ngedalake dhuwit iki kanthi kabubuhake marang Israel lan marang sakehe wong kang sugih brewu, supaya kenaa diaturake marang Sang Raja ing Asyur: Saben wong siji kapundhutan selaka seket sekel. Sang Raja ing Asyur banjur kondur, ora tetep ana ing nagara kono.
21 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Menahem lan sakehe pandamele, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
22 Sang Prabu Menahem nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure, dene Pangeran Pekahya, kang putra, banjur jumeneng raja, nggentosi panjenengane.
23 Ing taun kang kaping sekete jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Pekahya, putrane Sang Prabu Menahem, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria, dene anggone ngasta paprentahan suwene rong taun.
24 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.