2 Para Raja 15:23-29 JAV

23 Ing taun kang kaping sekete jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Pekahya, putrane Sang Prabu Menahem, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria, dene anggone ngasta paprentahan suwene rong taun.

24 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.

25 Sawijining opsire, Sang Pekah bin Remalya, nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing Samaria ana ing kraton. Anadene kang ngguyubi yaiku Argob lan Arye sarta wong seket panunggalane bani Gilead. Sang Prabu Pekahya disedani lan sawuse mangkono Sang Pekah nuli madeg dadi ratu nggentosi panjenengane.

26 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Pekahya lan sakehe pandamele, lah iku kabeh wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

27 Ing taun kang kaping seket lorone jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Sang Pekah bin Remalya dadi ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase rong puluh taun.

28 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.

29 Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.