28 Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nyingkiri dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga.
29 Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.
30 Sang Hosea bin Ela nganakake sekuthon nglawan Sang Prabu Pekah bin Remalya, Sang Prabu disedani lan sawuse mangkono Sang Hosea nuli dadi ratu nggentosi panjenengane, yaiku ing taun kang kaping rong puluhe jamane Sang Prabu Yotam putrane Sang Prabu Uzia.
31 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Pekah lan sakehe pandamele, lah iku kabeh wus katulisan ing buku sejarahe para ratu ing Israel.
32 Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, Pangeran Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.
33 Nalika jumeneng iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Kang ibu asmane Yerusa, putra putrine Sang Zadok.
34 Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, plek apa kang ditindakake dening Sang Prabu Uzia, kang ramane.