34 Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, plek apa kang ditindakake dening Sang Prabu Uzia, kang ramane.
35 Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger kono. Sang Prabu yasa Gapura Luhur ana ing padalemaning Sang Yehuwah.
36 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yotam, apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
37 Wiwit jaman samana Pangeran Yehuwah ndadekake Sang Prabu Rezin ratu ing Aram lan Sang Prabu Pekah bin Remalya padha merangi Yehuda.
38 Sang Prabu Yotam nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan kasarekake sandhing para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, leluhure. Dene Pangeran Akhas, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.