14 Nanging Sang Prabu banjur dhawuh supaya misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kasingkirake saka ing ngarepe padalemaning Sang Yehuwah, saka ing antarane misbyah anyar lan padaleman mau, lan supaya kadekekna ing salore misbyah anyar.
15 Sang Prabu Akhas tumuli dhawuh marang Imam Uria: “Kurbane obaran esuk lan kurbane dhaharan sore obongen ana ing misbyah gedhe iku, uga kurban obaran lan kurbane dhaharan ratu, sarta kurbane obaran, kurbane dhaharan lan kurban-kurbane unjuk-unjukan rakyat sanagara kabeh; apa maneh kabeh getih kurban obaran lan kabeh getih kurban sembelehan iku sokna ana ing kono. Nanging misbyah tembaga iku urusaningsun.”
16 Imam Uria iya banjur nindakake apa sadhawuhe Sang Prabu Akhas.
17 Sawuse mangkono Sang Prabu Akhas nuli dhawuh netheli blabage tutuping kreta panuwak lan nyingkirake jembangane pasucen saka ing sadhuwure, uga kulahane diundhunake saka ing pepethan sapi tembaga kang nyangga, banjur katumpangake ing watu plesteran.
18 Sabanjure, demi Sang Prabu ing Asyur, pendhapa tutupan kanggo ing dina Sabat, kang wus kaadegake ing padalemaning Sang Yehuwah lan uga lawang lumebu kagem Sang Prabu kang ana ing sisih jaba, iku padha disingkirake.
19 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhas lan apa kang katindakake, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
20 Sang Prabu Akhas nuli kepareng ngaso nunggil para leluhure lan disarekake sandhing para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Hizkia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.