2 Para Raja 16:7-13 JAV

7 Sang Prabu Akhas tumuli ngintunake utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, kadhawuhan ngunjukake ature mangkene: “Kula punika ingkang abdi lan ingkang putra, mila mugi karsaa rawuh ngluwari kula saking ing astanipun ratu ing Aram saha saking ing astanipun ratu ing Israel, ingkang sami merangi kula.”

8 Sang Prabu Akhas banjur mundhuti selaka lan emas kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton sarta kacaosake marang Sang Prabu ing Asyur minangka pisungsung.

9 Sang Prabu ing Asyur iya karsa mirengake panyuwune lan banjur nglurug menyang ing Damsyik; Damsyik diejegi, para pendhudhuke padha diboyongi menyang ing Kir, dadi tawanan, dene Sang Prabu Rezin disedani.

10 Sawuse mangkono Sang Prabu Akhas tindak manggihi Sang Prabu Tiglat-Pileser, ratu ing Asyur, menyang ing Damsyik. Bareng Sang Prabu Akhas mirsa misbyah kang ana ing Damsyik, tumuli ngintuni marang Imam Uria ukuran lan gambar wewujudane misbyah mau, plek manut panggawene.

11 Imam Uria iya yasa misbyah kang mangkono iku, ngepleki katrangan kang dikintunake Sang Prabu Akhas saka ing Damsyik. Kaya mangkono Imam Uria anggone gawe nalika ngarepake rawuhe Sang Prabu Akhas saka ing Damsyik.

12 Bareng Sang Prabu wus kondur saka ing Damsyik, banjur mirsani misbyah mau: Sang Prabu nuli nyelaki misbyah iku, banjur minggah,

13 mbesmi kurban obaran lan kurban dhaharan, ngesokake kurbane unjuk-unjukan ing misbyah kono, sarta nyirami getih kurban keslametan ana ing misbyah iku.