2 Para Raja 17:15-21 JAV

15 Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.

16 Kabeh wus padha ninggal sakehing dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan wus padha gawe pedhet cithakan; uga wus padha gawe reca Asyera, padha sujud nyembah marang sakehe wadya-bala ing langit lan nindakake pangibadah marang Baal.

17 Wuwuh-wuwuh banjur padha misungsungake anak-anake kanggo kurban ing geni lan padha nindakake patenungan, sarta petungan apadene padha gawe asoring awake kalawan nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah.

18 Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, kaedohake saka ing ngarsane; ora ana kang kari kejaba mung suku Yehuda. --

19 Uga Yehuda ora nggondheli marang dhedhawuhaning Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nanging padha lumaku manut ing pranatan gaweane Israel,

20 dadine Pangeran Yehuwah banjur nampik marang sakehe turune Rama Israel: padha katindhes lan diulungake marang ing tanganing para tukang njarah-rayah, padha kabucal dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarsane nganti entek. --

21 Nalika Panjenengane methal Israel saka ing kulawargane Sang Prabu Dawud, Israel banjur ngangkat Yerobeam bin Nebat kadadekake ratu, nanging Sang Prabu Yerobeam dadi jalarane wong Israel padha ninggal Pangeran Yehuwah, satemah padha nglakoni panggawe dosa kang gedhe.