28 Salah sawijining imam kang wus diboyong saka ing Samaria menyang ing pambuwangan nuli mangkat lan manggon ing Betel sarta banjur mulang marang wong-wong bab patrape ngabekti marang Pangeran Yehuwah.
29 Nanging saben bangsa iku wus gawe allahe dhewe, kang kapapanake ana ing omah-omah pepundhen ana ing tengger-tengger pangurbanan kang digawe dening para wong Samaria; saben bangsa tumindak mangkono ana ing kutha kang dienggoni:
30 wong Babil gawe reca Sukot-Benot, wong Kuta gawe reca Nergal, wong Hamat gawe reca Asima,
31 lan wong Awa gawe reca Nibhas tuwin Tartak. Wong Sefarwaim padha ngobong anak-anake minangka kurban marang Adramelekh lan Anamelekh, allah-allah ing Sefarwaim.
32 Kejaba iku wong-wong mau padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah sarta ngangkat imam kanggo tengger-tengger pangurbanan saka ing kalangane dhewe; iya wong iki kang padha nindakake pangibadah kanggo dheweke kabeh ana ing omah-omah pepundhen ing tengger-tengger pangurbanan kono.
33 Dadine padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya ngabekti marang allahe dhewe, cundhuk karo adat-tatacarane bangsa asale, nalika padha kaboyong dadi tawanan.
34 Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen.Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.