2 Para Raja 17:29-35 JAV

29 Nanging saben bangsa iku wus gawe allahe dhewe, kang kapapanake ana ing omah-omah pepundhen ana ing tengger-tengger pangurbanan kang digawe dening para wong Samaria; saben bangsa tumindak mangkono ana ing kutha kang dienggoni:

30 wong Babil gawe reca Sukot-Benot, wong Kuta gawe reca Nergal, wong Hamat gawe reca Asima,

31 lan wong Awa gawe reca Nibhas tuwin Tartak. Wong Sefarwaim padha ngobong anak-anake minangka kurban marang Adramelekh lan Anamelekh, allah-allah ing Sefarwaim.

32 Kejaba iku wong-wong mau padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah sarta ngangkat imam kanggo tengger-tengger pangurbanan saka ing kalangane dhewe; iya wong iki kang padha nindakake pangibadah kanggo dheweke kabeh ana ing omah-omah pepundhen ing tengger-tengger pangurbanan kono.

33 Dadine padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya ngabekti marang allahe dhewe, cundhuk karo adat-tatacarane bangsa asale, nalika padha kaboyong dadi tawanan.

34 Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen.Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.

35 Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.