2 Para Raja 17:32-38 JAV

32 Kejaba iku wong-wong mau padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah sarta ngangkat imam kanggo tengger-tengger pangurbanan saka ing kalangane dhewe; iya wong iki kang padha nindakake pangibadah kanggo dheweke kabeh ana ing omah-omah pepundhen ing tengger-tengger pangurbanan kono.

33 Dadine padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, nanging iya ngabekti marang allahe dhewe, cundhuk karo adat-tatacarane bangsa asale, nalika padha kaboyong dadi tawanan.

34 Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen.Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.

35 Pangeran Yehuwah wus nganakake prajanjian karo para turune Rama Yakub iku lan wus padha diparingi dhawuh: “Sira aja padha ngabekti marang allah liyane, sira aja padha sujud nyembah marang iku, sira aja padha ngibadah marang iku lan aja padha misungsung kurban marang iku.

36 Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,

37 sarta pranatan-pranatan, tatanan-tatanan, angger-angger lan dhawuh-dhawuh kang wus diserat kanggo sira kabeh, iku padha sira gatekna tuwin tansah padha sira lakonana kalawan setya, apadene aja padha ngabekti marang allah liyane.

38 Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsun anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane,