2 Para Raja 17:5-11 JAV

5 Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur nuli tindak ndlajahi nagara kono kabeh, Samaria ditempuh lan dikepung nganti telung taun lawase.

6 Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.

7 Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,

8 marga lakune manut adat-tatacarane para bangsa kang wus padha kasingkirake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel, sarta marga saka anggone padha manut ing pranataning para ratu ing Israel.

9 Sabanjure wong Israel wus padha nglakoni bab-bab kang ora pantes tumrap Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Padha ngedegake tengger-tengger pangurbanan ana ngendi bae pamanggone, ana ing sacedhake panggung pajagan lan ana ing kutha-beteng;

10 padha ngedegake tugu-tugu brahala lan saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur lan ana ing sangisoring wit-witan kang ngrembuyung,

11 ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,