2 Para Raja 18:14-20 JAV

14 Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.

15 Sang Prabu Hizkia nuli nyaosake selaka kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan kang ana ing gedhong pasimpenaning kraton.

16 Nalika samana Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh ngletheki emas kang ana ing lawang-lawang lan kang ana ing gawanging lawange padalemaning Sang Yehuwah, kang dilapis dening Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda. Iku kabeh kacaosake marang Sang Nata ing Asyur.

17 Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.

18 Bareng padha nguwuh-uwuh marang Sang Prabu, Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartakaning nagara padha ngedali.

19 Priyagung juru pangunjukan nuli ngandika marang katelune: “Sumangga sampeyan sami matur dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun Sang Nata Agung, ratu ing Asyur: Sira iku nggondheli pangandel kang kaya apa, ta?

20 Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?