18 Bareng padha nguwuh-uwuh marang Sang Prabu, Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartakaning nagara padha ngedali.
19 Priyagung juru pangunjukan nuli ngandika marang katelune: “Sumangga sampeyan sami matur dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun Sang Nata Agung, ratu ing Asyur: Sira iku nggondheli pangandel kang kaya apa, ta?
20 Apa sira ngira, menawa gelar lan kekuwataning perang iku bisa sira wujudake mung kalawan lambe thok. Ing saikine sapa kang sira andelake, dene sira mbalela marang ingsun?
21 Lah sira ngendelake teken pring kang pepes tumelung, yaiku Mesir, kang bakal njojoh nganti tembus tangane wong kang tekenen iku. Kaya mangkono iku Pringon ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang padha ngendelake dheweke.
22 Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.
23 Milanipun sapunika sumangga sampeyan totohan kaliyan gusti kula, Sang Nata ing Asyur: Kula badhe nyukani kapal kalih ewu, manawi sampeyan sagah nyawisi tiyang-tiyangipun ingkang badhe numpaki.
24 Kadospundi anggen sampeyan badhe saged ngunduraken opsiripun gusti kula ingkang alit piyambak satunggal kemawon? Mangka sampeyan ngendelaken Mesir ing bab kreta saha prajurit kapalan!