2 Para Raja 18:22-28 JAV

22 Dene menawa sira padha matur marang ingsun: Kawula sami ngendelaken Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, -- apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake Hizkia kalawan tembunge marang Yehuda lan Yerusalem: Ana ing ngarepe misbyah kang ana ing Yerusalem iki anggonmu kudu padha sujud nyembah.

23 Milanipun sapunika sumangga sampeyan totohan kaliyan gusti kula, Sang Nata ing Asyur: Kula badhe nyukani kapal kalih ewu, manawi sampeyan sagah nyawisi tiyang-tiyangipun ingkang badhe numpaki.

24 Kadospundi anggen sampeyan badhe saged ngunduraken opsiripun gusti kula ingkang alit piyambak satunggal kemawon? Mangka sampeyan ngendelaken Mesir ing bab kreta saha prajurit kapalan!

25 Lah uga saiki, anggoningsun majeng perang nglawan panggonan iki arep sunsirnakake, apa iku dudu kersaning Sang Yehuwah? Pangeran Yehuwah wus ngandika marang ingsung: Nagara iku tempuhen lan sira sirnakna!”

26 Sang Elyakim bin Hilkia, Sang Sebna lan Sang Yoah banjur padha matur marang priyagung juru pangunjukan mau: “Panjenengan kula aturi ngandika ngagem basa Aram dhateng para ingkang abdi punika, awit kula sami saged mangretos; nanging sampun ngandika mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing nginggil balowarti.”

27 Nanging wangsulane priyagung juru pangunjukan: “Punapa anggenipun gusti kula ngutus kula namung supados namung rembagan kaliyan gusti sampeyan lan kaliyan sampeyan kemawon? Rak inggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nglesod wonten ing nginggil balowarti punapa, ingkang sami nedha tinjanipun lan ngombe uyuhipun sesarengan kaliyan sampeyan sadaya punika, ta?”

28 Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan iku banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara sora ing basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane Sang Nata Agung, ratu ing Asyur! Mangkene pangandikane Sang Prabu: