2 Para Raja 18:27-33 JAV

27 Nanging wangsulane priyagung juru pangunjukan: “Punapa anggenipun gusti kula ngutus kula namung supados namung rembagan kaliyan gusti sampeyan lan kaliyan sampeyan kemawon? Rak inggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nglesod wonten ing nginggil balowarti punapa, ingkang sami nedha tinjanipun lan ngombe uyuhipun sesarengan kaliyan sampeyan sadaya punika, ta?”

28 Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan iku banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara sora ing basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane Sang Nata Agung, ratu ing Asyur! Mangkene pangandikane Sang Prabu:

29 Sira aja padha kena diapusi Hizkia, sebab dheweke ora bisa ngluwari sira saka ing astaningsun.

30 Sira aja padha gelem diajak Hizkia kumandel marang Sang Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita, sarta kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

31 Aja padha ngrungokake kandhane Hizkia, sabab mangkene pangandikane Sang Nata ing Asyur: Sira nganakna prajanjian kalawan ingsun bab anggonira masrahake samubarang kabeh marang ingsun, banjur padha metua sowana marang ing ngarsaningsun; saben wong banjur bakal mangan saka wite anggur dhewe lan saka wite anjir dhewe sarta bakal ngombe saka ing sumure dhewe,

32 nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!

33 Apa tau kelakon allah-allahe para bangsa padha bisa ngluwari bangsa-bangsa mau saka ing astane Sang Nata ing Asyur?