2 Para Raja 18:31-37 JAV

31 Aja padha ngrungokake kandhane Hizkia, sabab mangkene pangandikane Sang Nata ing Asyur: Sira nganakna prajanjian kalawan ingsun bab anggonira masrahake samubarang kabeh marang ingsun, banjur padha metua sowana marang ing ngarsaningsun; saben wong banjur bakal mangan saka wite anggur dhewe lan saka wite anjir dhewe sarta bakal ngombe saka ing sumure dhewe,

32 nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!

33 Apa tau kelakon allah-allahe para bangsa padha bisa ngluwari bangsa-bangsa mau saka ing astane Sang Nata ing Asyur?

34 Endi para allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim, Hena lan Iwa? Apa iku wus padha ngluwari Samaria saka ing astaningsun?

35 Ing antarane para allahe nagara-nagara iku apa ana kang wus ngluwari nagarane saka ing astaningsun, lah kok Pangeran Yehuwah sagah arep ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”

36 Nanging rakyat mau padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga Sang Prabu wus paring dhawuh piweling: “Sira aja padha mangsuli marang dheweke!”

37 Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartaka nagara, nuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan pangageman kang wus kasuwek-suwek, tuwin banjur padha ngunjuki uninga bab tembung-tembunge priyagung juru pangunjukan mau.