5 Sang Prabu mau kumandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, lan ing antarane sakehing para ratu ing Yehuda, ing sawuse utawa ing sadurunge panjenengane, ora ana kang kaya panjenengane.
6 Sang Prabu rumaket marang Pangeran Yehuwah, ora mengeng anggone ngetut-wingking Panjenengane lan tansah netepi pepakoning Yehuwah kang wus kaparingake marang Nabi Musa.
7 Mulane Pangeran Yehuwah nunggil marang panjenengane. Menyanga ngendi bae tindake, mesthi angsal damel. Sang Nata mbalela marang ratu ing Asyur lan ora teluk marang panjenengane maneh.
8 Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.
9 Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel -- Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.
10 Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel -- Samaria bisa karebut.
11 Sang Nata ing Asyur banjur mboyongi wong Israel kaparakake marang ing pambuwangan, menyang ing Asyur, padha kapanggonake ana ing Halah, ana ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline negara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai,