2 Para Raja 18:8-14 JAV

8 Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.

9 Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel -- Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.

10 Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel -- Samaria bisa karebut.

11 Sang Nata ing Asyur banjur mboyongi wong Israel kaparakake marang ing pambuwangan, menyang ing Asyur, padha kapanggonake ana ing Halah, ana ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline negara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai,

12 amarga ora padha gelem ngrungokake marang swantening Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan padha nerak marang prajanjiane, yaiku kabeh kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah; ora padha ngrungokake lan ora padha gelem nglakoni.

13 Ing taun kang kaping patbelase jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, nempuh kutha-betenging nagara Yehuda sarta banjur kabedhah.

14 Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.