1 Bareng Sang Prabu Hizkia midhanget kang mangkono iku, nuli nyuwek-nyuwek pangagemane lan mangagem bagor lan banjur lumebet ing padalemaning Pangeran Yehuwah.
2 Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan para tetuwaning imam uga tumuli kautus sowan ing ngarsaning Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor,
3 sarta ature: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha dintening kawirangan; awit sampun dumugi ing leking jabang-bayi, nanging boten wonten kekiyatan kangge nglairaken.
4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”