12 Apa para allahe bangsa-bangsa, kang wus padha disirnakake dening para leluhuringsun bisa ngluwari bangsa-bangsa mau, yaiku Gozan, Haran, Rezef lan bani Eden kang ana ing Telasar?
13 Ana ing ngendi ta ratuning nagara Hamat lan Arpad, ratuning kutha Sefarwaim, ratuning nagara Hena lan Iwa?”
14 Sang Prabu Hizkia nampeni layang iku saka ing tangane para utusan, layang nuli kawaos. Sang Prabu banjur tindak lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
15 Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.
16 Paduka mugi karsaa nenglengaken talingan Paduka, dhuh Yehuwah, saha mugi karsaa midhangetaken; Paduka mugi karsaa ngagem paningal Paduka, dhuh Yehuwah saha mugi karsaa mirsani. Paduka mugi karsaa midhangetaken tembung-tembungipun Sanherib ingkang sampun dipun kintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.
17 Dhuh Yehuwah, para ratu ing Asyur pancen sampun nyirnakaken bangsa-bangsa dalah nagari-nagarinipun
18 saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.