2 Para Raja 19:15-21 JAV

15 Sang Prabu Hizkia tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Gusti Allahipun sakathahing karajan ing bumi. Paduka ingkang nitahaken langit kalayan bumi.

16 Paduka mugi karsaa nenglengaken talingan Paduka, dhuh Yehuwah, saha mugi karsaa midhangetaken; Paduka mugi karsaa ngagem paningal Paduka, dhuh Yehuwah saha mugi karsaa mirsani. Paduka mugi karsaa midhangetaken tembung-tembungipun Sanherib ingkang sampun dipun kintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

17 Dhuh Yehuwah, para ratu ing Asyur pancen sampun nyirnakaken bangsa-bangsa dalah nagari-nagarinipun

18 saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.

19 Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”

20 Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.

21 Punika pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah tumrap piyambakipun:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira,wus moyoki sira;lan putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.