30 sarta para wong kang oncat ing antarane turune Yehuda, yaiku para wong kang isih ana, iku bakal metu oyode maneh mangisor lan metokake woh mandhuwur.
31 Sabab saka ing Yerusalem bakal metune para wong kang isih ana sarta saka ing gunung Sion wong-wong kang oncat. Bentering penggalihe Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang bakal nindakake bab iki.
32 Milanipun mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Dheweke ora bakal lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panah mrene; uga ora bakal nekani kalawan nggawa tameng tuwin ora bakal gawe tanggul pangepungan.
33 Bakal mulih metu ing dalan pinangkane, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --
34 Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”
35 Kacarita ing bengi iku Sang Malaekating Yehuwah miyos, banjur nyirnakake wong ing pakuwone Asyur wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun kabeh kang katon iku jisime wong mati!
36 Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur banjur kondur lan kendel ana ing Ninewe.