2 Para Raja 19:4-10 JAV

4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”

5 Bareng para punggawane Sang Prabu Hizkia wus ana ing ngarsane Nabi Yesaya,

6 padha dipangandikani mangkene: “Sampeyan sami matur dhateng gusti sampeyan: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang wus kaucapake dening para abdine ratu ing Asyur kang ngala-ala marang Ingsun iku.

7 Lah Ingsun bakal ngutus roh kang manjing marang dheweke, temah banjur krungu sawijining pawarta lan tumuli mulih menyang ing negarane. Wong iku bakal Sundadekake mati dening pedhang ana ing negarane dhewe.”

8 Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.

9 Nalika iku Sang Prabu mireng pawarta bab Sang Prabu Tirhaka, ratu ing Etiopia, mangkene: “Lah panjenenganipun sampun miyosi perang nglawan panjenengan dalem,” mulane banjur ngintunake utusan maneh kang padha didhawuhi ngaturake pangandikane marang Sang Prabu Hizkia:

10 “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda: sira aja nganti kena diapusi dening Allahira, kang janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.