2 Para Raja 2:11-17 JAV

11 Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.

12 Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro,

13 sarta banjur ngukup ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba tuwin nuli mangkat mulih lan ngadeg ana ing sapinggire bengawan Yarden.

14 Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang.

15 Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi,

16 kalawan matur: “Sumangga kula aturi mirsani. Panunggilanipun para ingkang abdi punika wonten tiyang jaler seket ingkang kendel-kendel. Tiyang-tiyang punika kajengipun sami kesah ngupadosi bendara panjenengan, mangke panjenenganipun gek dipun angkat dening Rohipun Sang Yehuwah lajeng kauncalaken dhateng ing nginggiling salah satunggalipun redi utawa dhateng salah satunggaling lembah.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aja padha kongkonan!”

17 Nanging bareng padha adreng panyuwune nganti ndadekake lingsem, Nabi Elisa nuli ngandika: “Iya wis padha kongkonana!” Tumuli padha kongkonan wong seket. Wong iku padha nggoleki nganti telung dina suwene, nanging ora ketemu.