2 Para Raja 2:16-22 JAV

16 kalawan matur: “Sumangga kula aturi mirsani. Panunggilanipun para ingkang abdi punika wonten tiyang jaler seket ingkang kendel-kendel. Tiyang-tiyang punika kajengipun sami kesah ngupadosi bendara panjenengan, mangke panjenenganipun gek dipun angkat dening Rohipun Sang Yehuwah lajeng kauncalaken dhateng ing nginggiling salah satunggalipun redi utawa dhateng salah satunggaling lembah.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aja padha kongkonan!”

17 Nanging bareng padha adreng panyuwune nganti ndadekake lingsem, Nabi Elisa nuli ngandika: “Iya wis padha kongkonana!” Tumuli padha kongkonan wong seket. Wong iku padha nggoleki nganti telung dina suwene, nanging ora ketemu.

18 Bareng padha bali menyang ing ngarsane Nabi Elisa, kang isih lereb ana ing kutha Yerikho, padha dipangandikani mangkene: “Aku rak wus kandha: Aja padha mangkat!”

19 Wong kang manggon ing kutha kono nuli padha matur marang Nabi Elisa: “Sumangga kula aturi mirsani! Kitha punika dunungipun sae, kados ingkang kapirsanan dening bendara kula, nanging toyanipun boten sae tuwin ing nagari punika asring wonten bayi ingkang lair keluron!”

20 Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aku jupukna pinggan anyar, iku isenana uyah.” Iku iya nuli dicaosake.

21 Nabi Elisa banjur tindak menyang ing etuking banyu, tumuli dicemplungi uyah mau kalawan ngandika: “Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Banyu iki wus Sundadekake tawa, sarta bakal ora kelakon maneh ana kang mati utawa bayi kang lair keluron marga saka iku.”

22 Temahan banyune dadi tawa nganti ing dina iki nocogi pangandika kang wus kawedharake dening Nabi Elisa mau.