2 Para Raja 2:4-10 JAV

4 Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho.

5 Ing nalika iku ana nabi ing Yerikho sapantha kang padha nyedhaki Elisa lan padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Pangeran Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wis ngreti, padha menenga bae!”

6 Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake.

7 Pepanthan nabi mau ana seket kang padha ndherekake, nanging tumuli padha mung ngadeg lan ngawasake saka ing kadohan bae, nalika kekalihe padha jumeneng ing sapinggire bengawan Yarden.

8 Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.

9 Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”

10 Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.”